Rabu, 12 Januari 2011

tembung - tembung jawa

Tembung Entar

Entar iku tegese silih utawa ampil. 
Tembung entar yaiku tembung-tembung sing nduweni teges ora salugune utawa ora sabenere (Ind: kiasan utawa ungkapan). Upamane tembung “landhep dhengkul” iku ora tinemu ing nalar yen tegese lugu. Jalaran sing lumrah landhep iku gegaman. Dadi sing karepake dhengkul mau nyilih tembung liya (landhep) kang banjur ditegesi sarana kiasan yaiku bodho banget.
Tuladha:
Atine momot = sabar banget
Peteng pikire = susah
Padhang langite = seneng banget
Mateng rembuge = kedadeyan rembuge  
Abang-abang lambé = Ora tenanan/ora serius
Abang rainé = Nandhang isin
Abang kupingé = Kesuh/nesu banget
Adus kringet = Nyambut gawé abot banget
Adol kringet = Nyambut gawé
Ala jenengé = Ora iso dipercoyo
Bening atine = Sumèh
Cagak urip = Nggo nyukupi kabutuhan urip
Dawa tangané =  clemer, seneng nyolong.
Dawa ususe = sabar
Jembar segarané = seneng ngapura kasalahané liyan.
Kuat isin = Ora tau isin
Ora duwé ati = wong sing tega
Lunyu ilaté = mencla-ménclé.
Wani mati = Kendel banget/rada nekad
Weteng karèt = Akèh mangané

Tembung Camboran

Tembung camboran    yaiku tembung loro utawa luwih kang digandhèng dadi siji.
( di dalam bahasa Indonesia berarti kata majemuk )


Miturut wutuh orané

Miturut wutuh orané, tembung camboran iki kapérang dadi loro, yakuwi:
  • Tembung camboran wutuh, contoné: sisib sembir, baya pakéwuh, raja lélé lsp.
  • Déné wujud sijiné yakuwi wis dicekak (wancah). Contoné: bangjo: abang-ijo, barji barbèh: bubar siji bubar kabèh, gaji wakma: sega siji iwaké lima, nasgithel:panas legi kenthel lsp.

Miturut hubungan wanda

Miturut hubungan wanda siji lan sijiné, tembung camboran bisa dipilah dadi telu, yakuwi:
  • Tembung camboran kang nduwèni teges sadrajad. (kopulatif). Contoné: gedhé cilik, tuwa nom, sumbang surung, sandhang pangan lsp. Rerocèn tembung bisa uga ditambahi tembung "lan" utawa"saha".
  • Tembung camboran kang tembung kapidhoné nerangaké tembung kapisan (determinatif). Contoné: jambu kapuk, pelem gadhung, manuk dara, lsp.
  • Tembung camboran kang tembung kapisan nerangaké tembung kapindhoné. Conto: Parama sastra = sastra kang parama (linuwih), Pandhu putra = putrané Pandhu, lsp.

Tembung garban

Tembung camboran kang sambungan (sandhi) né awujud wandamenga (basa Indonesia: suku kata terbuka) lan wanda aksara swara (vokal), tembung-tembung kasebut banjur bisa luluh (ginarba) dadi siji dadi swara anyar. Tembung kuwi banjur disebut tembung garban. Tuladha:
  • a + a = a
Kusuma + astuti = kusumastuti
  • a + i = e
Teka + ing = tekèng
Ira + iku = irèku
  • a + e = e
Warna + edi = warnèdi
  • a + u = o
Wira + utama = wirotama
  • i + a (i,e,o,u) = y
Sami + oncat = samyoncat
  • u + a (i,e,o,u) = w
Tumuju + ing = tumujwèng
Sawetara ater-ater utawa panambang kang wanguné kaya wanda kasebut uga dadi sandhigarban. Tuladha:
  • sa +ulah = solah
  • sami + a = samya
  • ke + legi + an = kelegèn

Tembung Saroja

Tembung saroja iku tembung kang rinakit seka rong (2) tembung kang (mèh) padha tegesé lan bisa nuwuhaké makna kang luwih teges. Bisa maknané perkara kang ana sesambungané, bisa uga kahanan kang mbangetaké.
Tuladha:
  • sato kéwan = perkara kéwan
  • ayem tentrem = tentrem tenan
  • tepa tuladha = tuladha
  • tresna asih = asih tenan
  • colong jupuk = perkara nyolong utawa kagiatan nyolong.

Tembung Garba

Tembung garba yaiku tembung kang asliné seka tembung loro (2) utawa luwih kang dadi wujud anyar.
Umpamane:
  • ana + ing ---> anèng
  • siti + inggil ---> sitinggil
  • nara + indra ---> narendra

Tembung Rangkep

Tembung Rangkep (dalam bahasa Indonesia berarti Kata ulang), kuwi sakabèhing tembung (senadyan mung sawanda), kang diwaca kaping pindho. Tembung Rangkep iki dibédakaké dadi telung werna,
yakuwi:
tembung dwilingga,
tembung dwipurwa lan
tembung dwiwasana.

Tembung Dwilingga

Miturut owah orané lingga

  • Dwilingga padha swara, yakuwi tembung kang diwaca kabèh linggané kaping pindho. Contoné: ibu-ibu, bapak-bapak, ésuk-ésuk, ramé-ramé.
  • Dwilingga salin swara, yakuwi tembung kang diwaca kaping pindho nanging ana wanda kang owah. Contoné: mloka-mlaku, mleba-mlebu, meta-metu, mrana-mréné.

Miturut tegesé

Tembung dwilingga bisa dipérang uga mturut tegesé utawa dadiné, antara liya:
  • Dadi tembung aran. Conto: undur-undur, uget-uget, alang-alang, ari-ari, ali-ali.
  • Dadi tembung kaanan. Conto: mangar-mangar, kelap-kelap, rintik-rintik.
  • Mbangetaké. Conto: Aja asin-asin (aja asin banget), Aja seru-seru (aja seru banget).
  • Tansah. Conto: Wis ajar kok ora isa-isa (tansah ora bisa), Arep wiwit maca kok lali-lali waé (tansah lali).
  • Senadyan. Conto: Alon-alon (senadyan alon), cilik-cilik (senadyan cilik).
  • Wektu. Conto: Awan-awan, bengi-bengi, bedhug-bedhug.
  • Paling. Conto: Murah-murahé, akèh-akèhé, larang-larangé.

Tembung Dwipurwa

Tembung Dwipurwa kuwi tembung kang diwaca kaping pindho mung wanda kang pisanan baé.
Conto:
dedunung,
tetuku,
lelaku,
leluri.

Tembung Dwiwasana

Tembung Dwiwasana kuwi tembung kang diwaca kaping pindho mung wanda kang kapindho (mburi.)
Conto:
cekikik,
cekakak,
jelalat,
mbedhudhug,
jegègès,

Tidak ada komentar:

Posting Komentar