Rabu, 12 Januari 2011

kahanane ndunyo saiki

apa ndonyane uwis tuwa...? pacoban kang ora ana enteke tansah tumiba marang manungsa,,,,banjir lahar dingin ana ing magelang lan ngayogyakarta.., banjir bandhang ana ing Australia.., lsp iku kabeh ngenani ngalam ndonya iki.
lha ing manungsane dhewe akeh kedadean kang maneka warna, saka perkara istimewane jogjakarta, KKN tumekan gegere palestina..
wes jiand kabeh iki sing salah sapa..?
rasane ora ana sing gelem disalahke
ora ana sing ngaku salah..
pancen kabeh mau tumeka saka atine manungsa dhewe..,
kabeh padha rumangsa bisa, mbok yao padha bisa ngrumangsani
kabeh wis padha lali karo Gusti Kang Murbeng Dumadi
mila apa pra kanca sedulur kabeh tansah mbenahi manah kita. tinggalna tumindak ala lakonana prakara kang becik. mumpung wektune isih ana

Tidak ada komentar:

Posting Komentar