PANCA SILA :
1. PANGERAN IKI SAWIJI
2. SING TEPA SALIRA MRING SAPADHA - PADHA
3. MANGAN RA MANGAN SIK PENTING NGUMPUL
4. ANA APA-APA DIREMBUG SING APIK
5. BAGIO SING ADIL
nglaras susastra
Rabu, 12 Januari 2011
foto syur artis sing jenenge aida saskia
4 (papat) foto separo wudo Aida Saskia sing hot nalikane adus kang sumebar ana ing internet sing dicurigani pancen sengaja disebarake ben supaya si Aida Saskia moncer lan film kawitane kanthi sesuluh " Pelukan Janda Hantu Gerandong ". yo, maning-maning si Aida Saskia gawe sensasi, sak uwise njabarake aib dheweke lan nudhuh KH Zainuddin MZ berselingkuh lan sing luwih ngedab-edabi nate merkosa dheweke, saiki si Aida dolanan ana ing film horor kang mambu-mambu seks nang ngendi dheweke wani main kanthi vulgar ing film kasebut.
papat foto kang nudhuhake si Aida isih adus iki sumebar ing internet awit bebukane Januari 2011. Foto sik kawitan, katon si Aida lagi ucul-ucul busana kang warnane jambon. Foto kapindho, katon si Aida kaya-kayane arepe mbukak kutange. Foto iki dijupuk saka mburine.
Foto kaping telune, katon Aida lagi nelesi awake nganggo banyu, Aida katon berfose bugil kanthi kendel. tangan kiwone Aida katon ngusap banyu kang nelesi rambute. Foto kajupuk saka ngarep sahingga katon genah banget raine Aida.
Foto kaping papat, katon awake Aida saka mburine mung nganggo kutang warnane ireng lan kancut sing uga warnane ireng. Foto dijupuk saka laladan kang lumayan adoh sahingga meruhake lekuk awake Aida.
ora dingerteni wayah lan papan foto-foto Aida iku dijupuk. ananging njebul curiga, foto-foto pas adus Aida kui mau kethokan saka adegan filme Aida, Pelukan Janda Hantu Gerandong.
nalika ditakoni babagan perkara sumebare foto bugil kui, Aida kandha yen ora ngerti. Penyanyi kang asline Bogor, Jawa kulon, iki ngrasake kaget nalika krungu yen foto-fotone wayah adus ana ing adegan film sumebar rata. “Foto iku namung tumindak ing film. Aku ora ngerteni" jare Aida nalikane di telpon juru warta liwat telpon. Rabu(5/1).
Dheweke rumangsa gumun amarga gambar-gambar aduse sing mung nganggo kutang dan kancut ireng kang mlebu ana ing kethokan adegan film kui malah disebarake. “Kenang apa dumadakan nganti sumebar ana ing internet ngono kui?” ujare penyanyi tembang Ayam Jago iki. Aida rumangsa cuwo nalika krungu warta yen gambar syure mau sumebar.
“
Aku babar pisan ora ngerti manawa ana sing nyolong. gambar-gambar kui mau mesti dijupuk nalikane pas syuting lelakon adus,” ujare Aida, kang mbenerake, nalikane iku dheweke lagi nglakoni ucul-ucul klambi nalika diceritakake arep adus."Ceritane pancen arep adus ngono kui. mosok iyo, aku adus nganggo piyama,” ujare.

dheweke crita, nalikane arep syuting lakon mau, Aida klamben kaya uwong sing arep adus biasane. “ananging aku ora gelem sing vulgar. Aku tetep nganggo klambi njero lan kancut,” ujare.
Nalika ngerti yen gambar-gambare pas adus sumebar, Aida durung ngerti arep kepiye. Aida iseh syok amarga ora ngira ana wong-wong sing usil sing manfaatake lelakon ana ing film kasebut. “Aku arep takon - takon dhisik maring manajemen artis kang ngatur jadwal-jadwal gaweanku lan pihak PH (production house) kang gawe film kui mau,” ujare maneh.
tembung - tembung jawa
Tembung Entar
Entar iku tegese silih utawa ampil.
Tembung entar yaiku tembung-tembung sing nduweni teges ora salugune utawa ora sabenere (Ind: kiasan utawa ungkapan). Upamane tembung “landhep dhengkul” iku ora tinemu ing nalar yen tegese lugu. Jalaran sing lumrah landhep iku gegaman. Dadi sing karepake dhengkul mau nyilih tembung liya (landhep) kang banjur ditegesi sarana kiasan yaiku bodho banget.
Tuladha:
Atine momot = sabar banget
Peteng pikire = susah
Padhang langite = seneng banget
Mateng rembuge = kedadeyan rembuge
Abang-abang lambé = Ora tenanan/ora serius
Abang rainé = Nandhang isin
Abang kupingé = Kesuh/nesu banget
Adus kringet = Nyambut gawé abot banget
Adol kringet = Nyambut gawé
Ala jenengé = Ora iso dipercoyo
Bening atine = Sumèh
Cagak urip = Nggo nyukupi kabutuhan urip
Dawa tangané = clemer, seneng nyolong.
Dawa ususe = sabar
Jembar segarané = seneng ngapura kasalahané liyan.
Kuat isin = Ora tau isin
Ora duwé ati = wong sing tega
Lunyu ilaté = mencla-ménclé.
Wani mati = Kendel banget/rada nekad
Weteng karèt = Akèh mangané
Tembung Camboran
Tembung camboran yaiku tembung loro utawa luwih kang digandhèng dadi siji.( di dalam bahasa Indonesia berarti kata majemuk )
Miturut wutuh orané
Miturut wutuh orané, tembung camboran iki kapérang dadi loro, yakuwi:- Tembung camboran wutuh, contoné: sisib sembir, baya pakéwuh, raja lélé lsp.
- Déné wujud sijiné yakuwi wis dicekak (wancah). Contoné: bangjo: abang-ijo, barji barbèh: bubar siji bubar kabèh, gaji wakma: sega siji iwaké lima, nasgithel:panas legi kenthel lsp.
Miturut hubungan wanda
Miturut hubungan wanda siji lan sijiné, tembung camboran bisa dipilah dadi telu, yakuwi:- Tembung camboran kang nduwèni teges sadrajad. (kopulatif). Contoné: gedhé cilik, tuwa nom, sumbang surung, sandhang pangan lsp. Rerocèn tembung bisa uga ditambahi tembung "lan" utawa"saha".
- Tembung camboran kang tembung kapidhoné nerangaké tembung kapisan (determinatif). Contoné: jambu kapuk, pelem gadhung, manuk dara, lsp.
- Tembung camboran kang tembung kapisan nerangaké tembung kapindhoné. Conto: Parama sastra = sastra kang parama (linuwih), Pandhu putra = putrané Pandhu, lsp.
Tembung garban
Tembung camboran kang sambungan (sandhi) né awujud wandamenga (basa Indonesia: suku kata terbuka) lan wanda aksara swara (vokal), tembung-tembung kasebut banjur bisa luluh (ginarba) dadi siji dadi swara anyar. Tembung kuwi banjur disebut tembung garban. Tuladha:- a + a = a
- Kusuma + astuti = kusumastuti
- a + i = e
- Teka + ing = tekèng
- Ira + iku = irèku
- a + e = e
- Warna + edi = warnèdi
- a + u = o
- Wira + utama = wirotama
- i + a (i,e,o,u) = y
- Sami + oncat = samyoncat
- u + a (i,e,o,u) = w
- Tumuju + ing = tumujwèng
- sa +ulah = solah
- sami + a = samya
- ke + legi + an = kelegèn
Tembung Saroja
Tembung saroja iku tembung kang rinakit seka rong (2) tembung kang (mèh) padha tegesé lan bisa nuwuhaké makna kang luwih teges. Bisa maknané perkara kang ana sesambungané, bisa uga kahanan kang mbangetaké.Tuladha:
- sato kéwan = perkara kéwan
- ayem tentrem = tentrem tenan
- tepa tuladha = tuladha
- tresna asih = asih tenan
- colong jupuk = perkara nyolong utawa kagiatan nyolong.
Tembung Garba
Tembung garba yaiku tembung kang asliné seka tembung loro (2) utawa luwih kang dadi wujud anyar.Umpamane:
- ana + ing ---> anèng
- siti + inggil ---> sitinggil
- nara + indra ---> narendra
Tembung Rangkep
Tembung Rangkep (dalam bahasa Indonesia berarti Kata ulang), kuwi sakabèhing tembung (senadyan mung sawanda), kang diwaca kaping pindho. Tembung Rangkep iki dibédakaké dadi telung werna,yakuwi:
tembung dwilingga,
tembung dwipurwa lan
tembung dwiwasana.
Tembung Dwilingga
Miturut owah orané lingga
- Dwilingga padha swara, yakuwi tembung kang diwaca kabèh linggané kaping pindho. Contoné: ibu-ibu, bapak-bapak, ésuk-ésuk, ramé-ramé.
- Dwilingga salin swara, yakuwi tembung kang diwaca kaping pindho nanging ana wanda kang owah. Contoné: mloka-mlaku, mleba-mlebu, meta-metu, mrana-mréné.
Miturut tegesé
Tembung dwilingga bisa dipérang uga mturut tegesé utawa dadiné, antara liya:- Dadi tembung aran. Conto: undur-undur, uget-uget, alang-alang, ari-ari, ali-ali.
- Dadi tembung kaanan. Conto: mangar-mangar, kelap-kelap, rintik-rintik.
- Mbangetaké. Conto: Aja asin-asin (aja asin banget), Aja seru-seru (aja seru banget).
- Tansah. Conto: Wis ajar kok ora isa-isa (tansah ora bisa), Arep wiwit maca kok lali-lali waé (tansah lali).
- Senadyan. Conto: Alon-alon (senadyan alon), cilik-cilik (senadyan cilik).
- Wektu. Conto: Awan-awan, bengi-bengi, bedhug-bedhug.
- Paling. Conto: Murah-murahé, akèh-akèhé, larang-larangé.
Tembung Dwipurwa
Tembung Dwipurwa kuwi tembung kang diwaca kaping pindho mung wanda kang pisanan baé.Conto:
dedunung,
tetuku,
lelaku,
leluri.
Tembung Dwiwasana
Tembung Dwiwasana kuwi tembung kang diwaca kaping pindho mung wanda kang kapindho (mburi.)Conto:
cekikik,
cekakak,
jelalat,
mbedhudhug,
jegègès,
sejarah Laladan Istimewa Kraton Ngayogyakarta
Daerah Istimewa Yogyakarta (DIY) iku provinsi paling tua nomer lara ing Nagara Indonesiasak wise jawa wetan, kang kadhapuk dening Pemerintah Nagara Indonesia. Propinsi iki uga nduweni status istimewa utawane otonomi khusus. Status mau dadi sawijining warisan saka zaman sadurunge kamardikan. Kasultanan Ngayogjakarta lan Kadipaten Paku Alaman, kang dadi cikal bakalane DIY, nduweni status minangka “Kraton vasal/Negara bagian/Dependent state” saka jaman penjajahan mulai sakar VOC , Hindia Perancis (Republik Bataav landa-Perancis), India Timur/EIC (Kerajaan Inggris), Hindia Belanda (Kerajaan Nederland), lan kang pungkasan Tentara Angkatan Darat XVI Jepang (Kekaisaran Jepang). dening Landa status mau diarani Zelfbestuurende Lanschappen lan marang Nippon diarani Koti/Kooti. Status mau nggawa konsekuensi hukum lan politik awujud kewenangan kanggo ngatur lan ngurus laladane dhewe ing ngisore prentahe penjajah mau.. Status iki uga banjur di akoni lan diwenehi payung ukum dening Proklamasi Bangsa Indonesia Soekarno kang lungguh ana ing BPUPKI lan PPKI minangka dadi sawijining laladan utawa wilayah kang wis ora dadi nagara maneh.
kahanane ndunyo saiki
apa ndonyane uwis tuwa...? pacoban kang ora ana enteke tansah tumiba marang manungsa,,,,banjir lahar dingin ana ing magelang lan ngayogyakarta.., banjir bandhang ana ing Australia.., lsp iku kabeh ngenani ngalam ndonya iki.
lha ing manungsane dhewe akeh kedadean kang maneka warna, saka perkara istimewane jogjakarta, KKN tumekan gegere palestina..
wes jiand kabeh iki sing salah sapa..?
rasane ora ana sing gelem disalahke
ora ana sing ngaku salah..
pancen kabeh mau tumeka saka atine manungsa dhewe..,
kabeh padha rumangsa bisa, mbok yao padha bisa ngrumangsani
kabeh wis padha lali karo Gusti Kang Murbeng Dumadi
mila apa pra kanca sedulur kabeh tansah mbenahi manah kita. tinggalna tumindak ala lakonana prakara kang becik. mumpung wektune isih ana
lha ing manungsane dhewe akeh kedadean kang maneka warna, saka perkara istimewane jogjakarta, KKN tumekan gegere palestina..
wes jiand kabeh iki sing salah sapa..?
rasane ora ana sing gelem disalahke
ora ana sing ngaku salah..
pancen kabeh mau tumeka saka atine manungsa dhewe..,
kabeh padha rumangsa bisa, mbok yao padha bisa ngrumangsani
kabeh wis padha lali karo Gusti Kang Murbeng Dumadi
mila apa pra kanca sedulur kabeh tansah mbenahi manah kita. tinggalna tumindak ala lakonana prakara kang becik. mumpung wektune isih ana
Langganan:
Postingan (Atom)